Rabu, 04 Februari 2015

Pidato Bahasa Jawa

ASSALAMUALAIKUM WR. WB

Bapak kepala sekolah ingkang kulo bakteni Bapak ibu guru ingkang dadhat kanurmatan. Dumatheng ibu Ramini kalian Bapak Misnan, selaku guru Bahasa jawa .
Ingkang satuhu linak bakteni sedoyo konco konco kelas 9 ingkang kulo tansah kulo tresnani

           Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun gusti allah ingkang maha asih, awit ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan
Kula minangka wakil sangking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng bapak ibu guru, awit sakig sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kulo sekonco, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kulo sekanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika
Kula sekanca naming saged memuji mugi mugi sedaya amal lan kesaenan bapak ibu guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adik-adik sedaya ngantos dumugi paripurna kanti biji ingkang maremaken
Mbonten kesupen kula sekanca ugi nyuwun pangaputen, awit kulo sekanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sekanca asring ndamel bapak ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kulo sekanca ingkang mboten mranani penggalih penjenengan sedaya
Dhumatheng bapak ibu guru lan adik adik sedaya, sepisan mali kulo ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin……
Wasana cukup sementen atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kulo nyuwun pengamputen
WASSALAMUALAIKUM WR. WB

Tidak ada komentar:

Posting Komentar